UNDHANEN

Sunday, November 13, 2011

Undhanen aku marang rembulan
umbaren aku kekancan klawan lintang-lintang
endah cahyane nelakke tulus pamitran
sinawung silir tumiyuping samirana
nggiring mega-mega klawu sumingkir minggir
jembare tawang nawakke papan pangenggar
lalekna kehing dhuhkita ing ngarcapada
lepasen kabeh panandhang papa cintraka
mara kekanthi asta kekidung gumbira
suka parisuka ing madya ratri mulya
aywa samar yen wektu bakal enggal rahina


Ratri adi, 13092011
biyung emban

0 comments: