Serat Aksoro Jowo - Ha Na Ca Ra Ka

Friday, November 5, 2010

Sugeng Rawuh wonten warso Digital....
Monggo priyantun jawi rumaos andarbeni kabudayan Jowo ...
Monggo sinau maos tuwin nyerat jowo
Menawi aksoro arab, cinten, jepun, lan sakpanunggalanipun sampun wonten font-ipun
amargi tiyang2 meniko migunakaken aksoro meniko ing sakbendintenipun.

Mawi aksoro jawi meniko kito sedoyo sampun mboten badhe rubedo tumrap panyeratanipun aksoro "o" kaliyan "a" ingkang mboten ajeg (consistent) kito ginakaken, contonipun:
menawi nyerat tembung "jowo" mawi "jawa", dalah menawi nyerat asmo wangsul malih kaliyan "o" contonipun: "suroso, sudewo, sumarno" mboten diserat "surasa, sudewa, sumarna" lan sakpanunggalanipun.

Ananging sakmeniko mboten sisah sumelang
amargi sakmangke sampun wonten font ha na ca ra ka
ingkang sampun sisah2 dipundamel kaliyan priyantun
saking Purwokerto ... meniko site-ipun:
Kang Mas Teguh Budi Sayoga
Kagem install font hanacarakan, carinipun nyerat, maos,
kawulo sumanggakaken rawuh wonten site-ipun Kang Mas Teguh kolowau.

Lan sakmangke wonten site mriki kagem ngasah keprigelan
maos lan nyerat aksoro jowo, Sumonggo....mumpung warso digital
sedoyo saged dipunsinau sarono on-line

Sejatosipun, perkaos ingkang Luwis rekawis malih meniko ngajak priyantun2 jawi khususipun nem2an kagem nyebaraken keprigelan nyerat tuwin maos aksoro jowo.

Kagem emut2 aksoro jowo, monggo:



Original Source here

0 comments: