History of Honocoroko - Javanese Language

Friday, November 5, 2010

Aksoro Jowo Honocoroko asale soko aksoro Brahmi sing asale soko Hindhustan. Neng Negeri Hindhustan kuwi, akeh macem-macem aksoro, salah sijine yokuwi aksoro Pallowo sing soko India sisih kidul. Dijenengake Aksoro Pallowo amargo soko salah sawijining Kraton Pallowo. Aksoro Pallowo digawe watoro abad 4 masehi.

Ing Nuswantoro ono bukti sejarah arupo prasasti Yupa ing Kutai, Kalimantan Wetan, ditulis karo Aksoro Pallowo. Aksoro Pallowo kuwi minongko babone kabeh aksoro ing Nuswantoro, koyoto: Aksoro Honocoroko, Aksoro Rencong (Aksoro Kaganga), Serat Batak, Aksoro Makasar lan Aksoro Baybayin (Aksoro Filiphina), ugo Aksoro Thailand sing dicipto ing taun 1283 dening Rojo Thai Ramkhamhaeng. Professor JG de Casparis soko Walondo sing pakar paleografi utowo ahli ilmu sejarah aksoro ngandharake: saktemene Aksoro Honocoroko kuwi dibagi dadi enem wektu utomo, yokuwi:

a. Aksoro Pallowo sing asale soko India Kidul. Jenis aksoro iki mulai digawe sekitar abad 4 lan 5 masehi. Salah sawijining bukti jenis aksoro iki digawe ing Nuswantoro yokuwi ditemokake prasasti Yupa ing Kutai, Kalimantan Timur. Aksoro iki ugo digawe ing Pulo Jowo, yokuwi ing Tatar Sundho ing Prasasti Tarumonegoro sing ditulis watoro taun 450 masehi. Ing tanah Jowo dhewe, aksoro iki digawe ing Prasasti Tuk Mas lan Prasasti Canggal. Aksoro Pallowo iki dadi babone aksoro ing Nuswantoro, klebu Aksoro Honocoroko. Nek diwigatekake, Aksoro Pallowo iki bentuke segi papat. Ing boso inggris lire kasebut aksoro “box head” utowo “square head-mark”, sing artine kurang luwih aksoro sirah kotak. Aksoro Pallowo iki wis digawe wiwit abad 4, nanging Boso Nuswantoro asline durung ono sing ditulis mowo aksoro iki.

b. Bedane Aksoro Kawi Wiwitan karo Aksoro Pallowo kuwi, utamane neng gayane. Aksoro Pallowo kuwi kawentar ing salah sawijining aksoro monumental, yokuwi aksoro sing digawe nulis ing watu prasasti. Aksoro Kawi Wiwitan, utamane digawe nulis ing godhong palem (lontar), amargo kuwi bentuke luwih kursif. Aksoro iki digawe watoro taun 750 masehi nganti 925 masehi. Prasasti-prasasti sing ditulis karo aksoro iki cacahe akeh banget, kurang luwih sepertelon soko kabeh prasasti sing ditemokake ing Pulo Jowo. Koyoto ing Prasasti Plumpang (ing tlatah Solotigo) sing kurang luwih ditulis ing taun 750 masehi. Prasasti iki isih ditulis ing Boso Sansekerto.

c. Aksoro Kawi pungkasan, kiro-kiro sakwise taun 925 masehi, pusate kuoso ing tlatah Jowo ono ing Jowo wetan. Ngalihe punjere kuoso iki ugo duwe pengaruh marang jenise aksoro sing digawe. Moso migunakake Aksoro Kawi pungkasan iki kiro-kiro ing taun 925 nganti 1250 masehi. Sak jan-jane Aksoro Kawi Pungkasan iki ora akeh bedane karo Aksoro Kawi Wiwitan, nanging gayane ae sing dadi rodo bedo. Sak liyane kuwi, gayane aksoro sing digunakake ing Jowo Wetan sak durunge taun 925 masehi ugo uwis bedo karo gayane aksoro sing digunakake ing Jowo Tengah. Dadi bedane kuwi ora mung bedo wektu ae, nanging ugo ing panggonan. Ing moso kuwi iso dibedakake papat gayane aksoro, yokuwi: 1) Aksoro Kawi Jawi Wetanan ing taun 910-950 masehi; 2) Aksoro Kawi Jawi Wetanan naliko jamane Prabu Airlonggo ing taun 1019-1042 masehi; 3) Aksoro Kawi Jawi Wetanan Kediri kurang luwih ing taun 1100-1200 masehi; 4) Lan Aksoro Ngadek isih ono naliko Kraton Kediri ing taun 1050 -1220 masehi.

d. Aksoro Mojopahit ing sejarah Nuswantoro naliko taun 1250-1450 masehi, ditengeri karo dominasi Kraton Mojopahit ing Jowo Wetan. Aksoro Mojopahit kuwi ugo nduduhake anane pengaruh gayane tulisan ing lontar lan bentuke wis luwih endah karo gayane semi kaligrafis. Conto utomo gayane tulisan iki yokuwi ono ing Prasasti Singosari sing kiro-kiro ono ing taun 1351 masehi. Gayane tulisan Mojopahit kuwi wis nyedheki gayane modern.

e. Aksoro sakwise Mojopahit sing miturut sejarah kiro-kiro mulai taun 1479 nganti akhir abad 16 utowo kawitan 17 masehi, sing dadi moso klawune sejarah Aksoro Jowo. Amargo sakwise kuwi nganti abad 17 M, meh ora ditemokake bukti tulisan sing nggawe Aksoro Jowo, dumadakan wae Aksoro Jowo wis dadi bentuk sing modern. Mung kuwi, ugo ditemokake prasasti sing dianggep dadi “missing link” antarane Aksoro Honocoroko ing jaman Jowo kuno lan Aksoro Budho sing nganti saiki isih digawe ing tlatah Jowo, utamane ing sak-idenge Gunung Merapi lan Gunung Merbabu nganti abad 18 M. Prasasti iki dijenengake karo Prasasti Ngadoman sing ditemokake neng Solotigo. Nanging aksoro Budho sing paling tuwo digawe, asale soko Jowo Kulon lan ditemokake ing naskah-naskah sing nyritakake Kawine Arjunowiwoho lan Kunjorokarno.

f. Metune Aksoro Honocoroko anyar sakwise jaman Mojopahit, metu jaman Islam lan ugo jaman kolonialisme Kulon ing tlatah Jowo. Ing jaman iki metu naskah-naskah manuskrip sing kawitan sing wis migunakake Aksoro Honocoroko sing anyar. Naskah-naskah kuwi ora mung ditulis ning godhong palem (lontar utowo nipah) maneh, nanging ugo ditulis ing kertas lan ujude buku utowo codex (“kondheks”). Naskah-naskah kuwi ditemokake ing pesisir lor jowo lan digowo neng Eropa ing abad 16 lan 17. Naskah Aksoro Jowo bentuke soko Honocoroko anyar iki wis bedo karo aksoro sak durunge koyo Aksoro Mojopahit. Bedo utomone dijenengake serif tambahan ing Aksoro Honocoroko watu. Aksoro-aksoro Honocoroko kawitan iki bentuke mirip kabeh mulai soko Banten sisih kulon nganti Bali. Nanging, lire pirang-pirang daerah ora nggawe Aksoro Honocoroko iki lan pindhah dadi migunakake Aksoro Pegon lan Aksoro Honocoroko gayane Durokarto sing dadi baku. Nanging soko kabeh aksoro kuwi, aksoro Bali sing bentuke tetep podho karo Aksoro Jowo nganti abad 20.


Iki transisi Aksoro Honcoroko soko jaman kuno nganti saki

0 comments: