"boso" nopo "basa"

Friday, November 5, 2010

"boso" nopo "basa" ingkang leres, menawi hasil konsensus priyantun jawi rumiyin (Javaanche Taal 1896, dados rikolo jaman landi) ingkang leres "basa"...utawi saged dipunwaos wonten FB meniko:
http://www.facebook.com/topic.php?uid=231526268808&topic=13685

Lha punopo kulo tumut arus nulis ngangge "boso" mboten "basa".... ?????

kaping setunggalipun kulo ngajak (encourage) priyantun jawi supados ngginakaken mawon aksoro Jowo Honocoroko...la nek ngagem aksoro jowo meniko kan mboten rubedo malih panulisanipun...sampun mboten perlu coro nulis jowo mawi latin....kados dene tulisan cinten menawi dipunserat kalih aksoro latin nggih maosipun mboten trep kaliyan aksoro aslinipun...Utawi conto lintunipun Aksoro Arab ingkang dipunserat mawi aksoro latin.... lha maosipun menawi mboten sinau aksoro hija'iyah aslinipun nggih maosipun mboten karu-karuan.... kados aksoro hija'iyah   " " latinipun wonten ingkang nulis dho.... wonten dzo..... ananging poro kia mboten wonten ingkang mempermasalahkan penulisan ing aksoro latin....ingkang wigati ngucapipun bener! ...ugi mboten wonten kiai ingkang ndamel konsensus panulisan aksoro hija'iyah ing aksoro latin .... amargi menopo?... Nggih amargi...kejowo ngowa-ngowahi pakem lan adat.... poro kiai ngajak santrinipun menawi kepingin maos Aksoro Hija'iyah ingkang leres... nggih mawi aksoro Hija'iyah ugi sanes Latin....

Kaping kalihipun wonten perkembangan jaman priyantun jawi umumipun sampun sarujuk..kanthi mboten dipunsadhari nyerat "aksara jawa" latin meniko ngagem "aksoro jowo", contonipun sakmeniko babagan nami: kados asmo panjenengan Warijo... la kedahipun kan Warija....utawi Sukirno kedahipun Sukirna..... meniko kelakon amargi Boso Indonesia ingkang dados Boso Nasional dados priyantun Jawi nyesuaikan panulisanipun...tanpo dipunsadhari....amargi ing tulisan Boso Indonesia....aksoro "o" ing tembung "rondho" meniko dipunserat kanthi aksoro "o" sanes "a".... contonipun Boso Indonesianipun "bodho" dipuntulis "bodoh" sanes "badah" utawi "blo'on" sanes "bla'an"...nah priyantun jawi tanpo dipusadhari nyerat "o' meniko mawi kaedah penulisan Aksoro Boso Indonesia...
utawi conto ingkang gamblang bab panulisan Solo kedahipun Sala.... menawi ngagem aksoro jawi HONOCOROKO nyeratipun So kaliyan Lo mboten mawi taling tarung..   ..dados dipunsebat SoLo ("o"nipun dipusebat kadosdene tembung "rondho" sanes "o"nipun "bakso"), menawi dipunserat Sala mangke tiyang2 maosipun mesthi "A"..Bengawan Sala......eh Solo...... Wonten malih conto kutho: Ponorogo, menopo panjenengan ngertos wonten petunjuk arah dipuserat Panaraga? menawi seratan Jawinipun:

Kaping tiganipun... nyengkuyung generasi mudho supados remen nyerat tuwin moco Boso Jowo.... menawi kito kekeh ngagem seratan "o"nipun dipungatos "a", badhe kangelan maosipun, kados dene ukoro wonten situs meniko: Pawartos Tokoh kedahipun dipuserat: Pawartas Takah.....tiyang ingkang nembe sinau boso jowo moconipun mesthi nyebat "a" sedoyo .... ("a" wonten tembung anak).

Kaping papatipun: meniko situs pancen kagem priyantun ingkang gadhah pepinginan sinau Boso Jowo, dados nggih kading kolo mawi seratan Boso Indonesia, Nah supados mboten kangelan mbedakaken seratan Jawi kaliyan Indonesia, kulo mawi kebiasaan tiyang Indonesia nyerat tulisan Jowo wonten media cetak berbahasa Indonesia. Contonipun Media cetak Indonesia yang menyertakan dialek Jawa:
Bu Yani yang asli orang dari desa mengatakan kepada wartawan, "Kulo mboten mangertos kedadeanipun Mas, amargi milai parak esuk kulo mboten wonten griyo,"demikian kisah Bu Yani.
Cobi panjenengan gatekaken sedoyo wartawan menawi nulis dialek Boso Jawi wonten media nyetak dialek jawinipun sedoyo mawi aksoro "o" mboten "a". Menawi mawi kaedah Javaanche Taal 1896, kados mekaten:
Bu Yani yang asli orang dari desa mengatakan kepada wartawan, "Kula mbaten mangertas kedadeanipun Mas, amargi milai parak esuk kula mbaten wanten griya,"demikian kisah Bu Yani
Nah para pembaca mesti akan bingung membacanya, soalnya seperti dialek Sunda?

Nanging ingkang paling wigati, monggo kito sedoyo nyerat lan maos ngagem seratan asli Jowo Honocoroko, meniko ingkang sak leres-lerese tulisan kaliyan pangucapipun, monggo wangsul dumateng "kithoh" priyantun jawi sakderengipun wonten aksoro latin, kito sampun gadhah aksoro jawi. Kadosdene Jepang, China, Thailand taksih ngangge aksoro asli bongsonipun, amargi kiyambakipun mboten natos dipunriwuki kaliyan kaum penjajah (Jepang, China, Thailand mboten natos dipunjajah bongso liyan).


Nuwun Gunging Samodra Pangaksami Atur Lepat Kawulo...

 Original source here

0 comments: